Pidato: Tanggap Wacana Pangarsaning Osis Ingkang Nembe Dipun Lantik
Assalamu’alakum Wr.Wb.
Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah, Dhewan Guru lan Pembimbing ingkang kinurmatan, para kanca-kanca siswa (jeneng sekolah) ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin kita tansah munjukaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang ampun kepareng paring kamirahan dhumateng kula panjenengan sadaya,sahengga wonten ing kalodhangan punika saged makempal wonten papan punika,kanthi wilujeng ing nir sambekala.
Kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng kanca-kanca sadaya ingkang sampun mitados dhumateng kula saperlu ngayahi jejibahan minangka pangarsaning Osis ingkang enggal.
Bapak Ibu pembimbing ingkang kinurmatan, kanca-kanca ingkang sutrisno.Kula ngrumaosi minangka pangarsaning Osis menika jejibahan ingkang awrat, pramila saking menika dhumateng pangarsanipun bapak ibu pembimbing mugi kepareng tansah menuntun saha paring panyaruhe dhumateng kula lan sadaya pengurus Osis murih saged nglampahi jejibahan menika kanthi tancak lelancar.Dhumateng kanca-kanca sadaya kula nyuwun panyengkuyungipun awit tanpa panyengkuyung saking kanca-kanca kula mboten anggadahi ateges punapa-punapa.
Pungkasaning atur donga pangestu saking panjenengan sadaya tansah kula suwun mugi Allah paring ridho dhumateng kula panjenengan sadaya.
Kirang tatas titis,wijang wijiling atur kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

0 komentar:
Posting Komentar